Piwulang
1
Kasenengan
A. Ayo
Ngrungokake
Standar Kompetensi : Mampu mendengarkan dan memahami ragam
wacana lisan berupa pesan langsung dan cerita tokoh wayang
Kompetensi Dasar : Mendengarkan cerita tokoh wayang
Werkudara
Indikator : Menyimak bacaan yang dibacakan teman
tentang tokoh Werkudara, menjelaskan watak tokoh Werkudara, Menyimpulkan isi
bacaan
Ngrungokake cerita tokoh wayang Werkudara
Raden Werkudara
Werkudara iku putra Pandhu
Dewanata lan Dewi Kunthi, kang nomer loro. Werkudara uga dadi panenggakin
Pandhawa. Nalika lair kabuntel bungkus, kebuntel ari-arine bayi.
Kaelokaning jagad, bayi kang
isih bingkus iku pranyata madal sakathahing gegaman. Manut pamawase Begawan
Abiyasa si jabang bayi bungkus supaya kasingkirake menyang Setra Gandamayit. Dene
para sesepuh Ngastina padha sarujuk. Sabanjure, jabang bayi bungkus kaleksanan
dedunung ing alas. Bayi bungkus saya suwe saya gedhe. Yen ngglundhung ngiwa
nanggor wit gedhe, wite ambruk sanalika. Yen ngglundhung natap watu, watune
pecah ambyar sanalika.
Kedadeyan iki ndayani lan
mrebawani nganti tumekaning Kahyangan. Bathara Guru dhawuh marang Bathara
Narada supaya turun ing ngarcapada niti priksa anane gara-gara ing Kahyangan.
Tindake gegancangan enggala tekan alas setra Gandamayit. Ing kono meruhi ana
bayi bungkus glundhang-glundhung, ngiwa nengen nrajang apa bae ajur mumur tan
mangga puliha. Bathara Narada dhawuh Gajah Sena supaya mrawasa bungkus kuwi.
Bungkus ditujes nganggo gadhinge
kang lincip mingis-mingis ora preduli dadine mengko. Bareng gadhing tumancep,
sakala bungkus pecah byak sigar dadi loro. Bebarengan karo pecahe bungkus,
Gajah Sena sanalika musna.
Ora gantalan suwe mak jleg ana
pawongan gung aluhur, godheg wok, simbar jaja anjenggereng ngedab-edabi, karo
gereng-gereng swarane, gumleger nggegirisi. Kukune ing jempol tangan kekarone
malihane gadhinge Gajah Sena kang sabanjure diarani kuku Pancanaka. Bathara
Narada enggal nemoni lan manembrama marang pawongan gedhe dhuwur, paring
andharan yen sing nulungi bungkus iya Hyang Narada jalaran dinuta Hyang Guru.
Dene pawongan kaparingan jeneng Bratasena iya Werkudara, iya Bima Sena.
Bathara Narada banjur paring
katrangan urut-urutaning lelakoning Bratasena. Durung rampung anggone paring
dhawuh, gumrojog tanpa larapan, rawuhe Bathara Bayu sumusul Bathara Narada atur
katrangan dinuta Hyang Guru angaku putra lan maringi piandel arupa aji marang
Bratasena, kang aran aji Ketuglindhu. Dayane yen diwatek bisa mlaku banter
banget pindhane angin. Gandheng wis diaku putra, mula Bratasena uga aran
Bayuputra.
Durung rampung anggone imbal
wacana dewa loro lan Bratasena, kasusul sowane kawula Ngastina kautus Prabu
Pandhudewanata.
Sabanjure utusan kadhawuhan bali
menyang Ngastina karo ndherekake Bayuputra, dene dewa lelorone bakal kondur
menyang Kahyangan.
Bratasena nerusake lakune.
Satekane praja, dheweke kapapag para nayaka praja banjur kalarapake ngadhep
Pandhudewanata. Tekane Bratasena ndadekake renaning panggalihe Prabu
Pandhudewanata.
Gladen
Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi
patitis !
1)
Werkudara iku putrane sapa ?
2)
Apa sebabe ing Kahyangan ana gara-gara ?
3)
Apa perlune Bathara Narada tumurun menyang
ngarcapada ?
4)
Kepriye mula bukane bungkus bisa pecah ?
5)
Apa sebabe Prabu Pandhudewanata rena penggalihe
?
B. Ayo
Micara
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pendapat dan
perasaan untuk menanggapi permasalahan dan melakukan wawancara sesuai dengan
unggah-ungguh
Kompetensi Dasar : Melakukan wawancara
Indikator : Menyusun pertanyaan wawancara,
menyusun hasil wawancara secara tertulis, menceritakan hasil wawancara
Nglakokake wawancara
Wacanen kang
premati !
Wawan ditugasi gurune supaya
wawancara karo kesenengan utawa hobi. Wawan duwe kanca liya sekolah sing duwe
hobi renang, arane Yosi. Wawan wis nyepakake pitakonan-pitakonan ana ing buku
cathetane. Ora lali nggawa piranti rekam. Mangkene iki pitakonan-pitakonan
Wawan marang Yosi.
Wawan :
Halo, Yosi !
Yosi :
Halo Wan. Ana apa iki ?
Wawan :
Ra pa pa, mung dolan wae. Apa kowe kerep renang mrene ?
Yosi : Meh saben dina mrene.
Wawan : Apa ora bosen ?
Yosi :
Ora, Wan. Renang ngene iki wis dadi kesenenganku. Malah yen nganti luwih telung
dina ora renang, lara kabeh awakku.
Wawan : Kapan olehmu seneng renang ?
Yosi :
lali aku pase. Pokoke sadurunge sekolah TK aku kerep diajak bapak ibuku menyang
kolam renang. Aku dilatih seminggu ping pindho.
Wawan : Sasuwene iki apa ya wis tau
melu lomba ?
Yosi : Kerep, jare pelatihku aku
berbakat.
Wawan : Kapan lombane?
Yosi :
Aku kelas papat, melu kelompk pemula anak-anak. Juwara telu. Senengku ora
karuan, melu pisanan entuk juwara antar klub.
Wawan : sateruse apa kowe sregep
latihan ?
Yosi :
karo pelatihe malah ditambahi wektunw latihan. Maune rong jam dadi telung jam
saben latian. Critane digembleng tenan. Latihan fisik, napas, mlayu ngubengi
kolam nganti lempe-lempe.
Wawan : Wah, berat tenan ya. Apa ya
ana hasile latihan nganti kaya ngono ?
Yosi :
Jelas ana ya. Taun candhake aku melu lomba tingkat propinsi. Ora dak kira
eee…wong mujur. Bisa menang juwara loro putri gaya bebas peorangan.
Wawan : Wah, elok tenan. Oleh apa saka
panitiane ?
Yosi :
Tropi, piagam karo dhuwit. Saka sponsor diwenehi kaos karo jam tangan anti air.
Senengku ra ukur.
Wawan : Apa ora ketinggalan sinaumu ?
Yosi :
Ya, sethithik. Ning wis kebacut seneng eman-eman nglereni. Kanca-kancaku nyilihi
cathetan.
Wawan : Pancen yen wis hobi, ngalahake
liyane. Yen ditenani disregepi nguntungake.
Yosi : Bener, aku setuju karo
omonganmu
Wawan : Yos, apa kowe ya tau ngrasakae
mangkel apa anyel ?
Yosi :
Ya tau, ta ! Kedadeane ngene, aku saka ngomah gugup. Wektu arep latihan
persiapan lomba. Tekam kolam renang, eeee,,,,, pengunjunge mbludag. Ana
rombongan wisata luwar kota mampir, kamangka bocah sekolah telung bis. Kolame
kebak bocah nganthi kaya dhawet. Dadine ra iso maksimal latihane. Gek wektu
kurang rong dina. Target wektu gaya bebasku kurang 0,5 detik. Wah jaaaaan,
anyel kae. Konsentrasi dadi buyar.
Wawan : Terus piye sidane ?
Yosi :
Kepeksane wektu rong dina diundhakake meneh. Latihan fisik, pernapasan
diundhaki sakjam saka biyasane.
Wawan : Sinaumu piye ?
Yosi :
Wah, wis embuh. Ndilalahe pas dina lomba, ulangan batal, jame dianggo nawakake
bimbingan belajar saka Primagama.
Wawan : Untung, ya. Apa welingmu
marang kanca-kanca sing duwe hobi ?
Yoai : Tenanana hobi, ning aja nganti
nyepelekake sekolah.
Wawan : Yos, matur nuwun ya.
C. Ayo
Maca
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami teks
bacaan teknik, intensif, dan membaca huruf Jawa
Kompetensi Dasar
: Membaca teknik (teks isi pidato, berita, dialog, dan sebagainya)
Indikator : Membaca teks berita, dengan teknik
yang tepat, menjelaskan isi berita yang dibaca, membaca dengan Intonasi dan
jeda yang tepat
Maca
iku ora mung waton ngunekake aksara sebab yen mung ngunekake aksara ora ngerti
maknane sing diwaca. Ing pasinanon iki para siswa gladhen maca pawarta basa
Jawa. Tujuane wong maca pawarta iku supaya dirungokake wong akeh lan ngerti apa
kang diwaca. Supaya ngerti isine, anggone maca ngetrepake :
-
Intonasi :
cendhek dhuwure swara, nggatekake ukara pitakon apa ukara andharan
-
Irama :
aukara iku diwaca cepet apa alon-alon
-
Jeda :
medhote ukara utawa andhege napas
Maca Pawarta
Pawarta basa jawa sing ditulis
ing kalawarti Panyebar Semangat No. 39-26 September 2009 iki, wacanen kanthi
swara gandhang, sakelas krungu kabeh. Pawarta iki ana wong hobi olahraga,
wusanane bisa ngangkat jenenge, yaiku Chris John.
Chris John Arep Dhuwel
Anna Maria Megawati, sisihane
Chris John, ngandhakakeyen Chris John ora akeh sambat ngadhepi dhuwel lawan
Rocky Juarez ing MGM Las Vegas, Nevada, Amerika Serikat, tanggal 19 september
iki.
“Chris John luwih siyap ngadhepi
Juarez ing Las Vegas katimbang ing Los Angeles. Ndhisik,” ujare Anna Maria
Megawati nalika dihubungi saka Semarang, Rebo kepungkur, sadurunge nyusul Chris
John menyang Amerika.
Manut mantan atlet wushu Jawa
Tengah nomer taulo (kerapihan jurus) iku, praupane bojone uga luwih sumringah.
Nalika ditakoni perasaane minangka sisihan kang bakal ndeleng bojone dhuwel,
Megawati ngandhakake biyasa-biyasa wae. Sanajan, imbuhe, Las Vegs satemene
swasanane luwih ‘angker’ dibandhing papan-papan kang dijajah Chris John
sasuwene iki.
“Swasana tarung ing Las Vegas
luwih nantang lan luwih angker. Mula aku luwih akeh ndedonga wae,” kandhane.
Mega ngakoni, satemene yen bisa
budhal bareng menyang Amerika, satekane ing Big Bear (panggonan Chris John
latihan) dheweke pengin ndedonga bebarengan. Nanging emane tumekane artikel iki
ditulis urusan administrasine durung rampung.
“kemis (10/9/2009) aku nindakake
wawancara maneh kanggo ngurus visa menyang Amerika. Muga-muga kabeh lumaku
lancar amrih aku bisa langsung pesen tiket pesawat,” ujare.
Wangsulana kang patitis!
a.
Apa hobine Chris John?
b.
Apa perlune Chris John menyang Amerika Serikat ?
c.
Kepriye perasaane Anna Maria Megawati bakal
ndeleng sisihane arep dhuwel ?
d.
Apa sebabe Anna ora bisa mangkat bareng Chris
John menyang Amerika ?
e.
Kepriye kaanane Chris John ngadhepi dhuwel
Juarez ?
D. Ayo
Nulis
Standar Kompetensi : Mampu menulis karangan dalam berbagai
ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh dan menulis huruf Jawa
Kompetensi Dasar : Menulis kalimat berhuruf Jawa
menggunakan sandhangan panyigeg wanda
Indikator : Menulis sandhangan panyigeg wanda,
menulis kata yang menggunakan sandhangan panyigeg wanda, menulis kalimat
menggunakan sandhangan panyigeg wanda
E. Kawruh
Basa
Paramasastra (Tata Tembung lan Tata Ukara)
Trampil basa (ngrungokake, maca,
micara, lan nulis) luwih becik maneh tambah pangerten paramasastra sing runtut.
Ing wacan ana tembung lingga (kata dasar) sing oleh seselan (sisipan). Salah
siji seselan sing digunakake yaiku seselan –in (rimbag tanggap –na) lan seselan
–um (rimbag bawa –ma).
Tuladha : 1. Kinen, tembunge lingga ken oleh seselan –in kinen tegese diken,
dikon, diprentah
2. tumancep,
tembung linggane tancep oleh
seselan –um tancep tegese nancep
Tembung
lingga iki wenehana seselan –in utawa –um, banjur gawenen ukara!
1.
Jotos
2.
Tulis
3.
Sebar
4.
Susul
5.
Sangga
Piwulang
2
Komunikasi
A. Ayo
Ngrungokake
Standar kompetensi : Mampu mendengarkan dan memahami ragam
wacana lisan berupa pesan langsung dan cerita tokoh wayang
Kompetensi Dasar
: Mendengarkan pesan
Indikator : Mendengarkan pesan secara benar,
menyampaikan pesan kepada orang lain secara lisan atau tertulis, menerapkan
bahasa krama inggil dalam menyampaikan pesan
Saben arep mangkat sekolah mesti
pamitan. Iku bukti bocah ngerti tata krama. Ora ketang satembung, bapak ibu
maringi weling, kayata :
-“Ya, ngati-ati.”
-“Sinau sing
tenanan.”
Weling jarwa dhosoke diuwel-uwel lan dieling-eling.
Tembung weling padha tegese karo pesen. Weling iku lumantar lisan. Yen lumantar
tulis ing kantor jenenge memo.
Tuladha
1.
Weling
lumantar lisan
Ibune Watik weling, “Watik, Ibu arep menyang warung, kae
banyune yen umob menko kompore dipateni, ya!”
Ora suwe adhine mlayu nyedhaki Watik, banjur takon, “Ibu
tindhak ngendi, Mbak?”
Wangsulane Watik, “Ibu tindak menyang warung, aku
didhawuhi mateni kompor yen banyune umob.”
2.
Weling
lumantar sarana komunikasi
”Para pamiyarsa, wekdal punka ing dhusun Dhadhapan
wonten pageblug. Kathah tiyang pejah, amargi flu burung. Mila welingipun Dhinas
Kesehatan para warga kedah njagi lingkungan supados resik. Sok sintena ingkang
mireng pawartos punika kula aturi ngabari dhateng sanak kadang ugi tanggi
tepalih panjenengan.”
Isine welinge : Para warga supaya waspada marang lelara
flu burung. Warga didhawuhi njaga karesikan lan ngabari wong liya.
B. Ayo
Micara
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pendapat dan
perasaan untuk menanggapi permasalahan dan melakukan wawncara sesuai
unggah-ungguh
Kompetensi Dasar : Menyampaikan tanggapan dan saran
Indikator : Mengapresiasi
karya sastra, memberikan tanggapan perilaku para tokoh, memberikan saran yang
berkaitan dengan karya sastra yang diapresiasi
1.
Maca Wacan
Wacanen batin
gatekna isine !
Nyekel Maling
Ing
jaman mbiyen wong mikir lan ngudari perkara isih nganggo cara kang
prasaja banget. Bab kuwi kerep dimanfaatake dening bangsane durjana sing kerep
nindakake pakaryan maling, kecu, begal, rampog, colong jupuk, lan
sapanunggalane.
Ing Bagdad ana sudagar sing mentas
kemalingan. Dheweke gawe wara-wara sing kasil nemokake dhuwite emas, cacah 100
benggol oleh ngepek separo. Nanging ora ono sing asil.
Malinge ayem-ayem wae merga jati
dhirine ora kaweruhan. Malah sing ngayelake, malinge uga melu sayembara.
Kadurjanan ing Bagdad sang saya ruwet.
Ing persidhangan, ana hakim usul
marang hakim liyane.
“Genea tuan Hakim ora njaluk bantuane
Abu Nawas wae?”
“Abu Nawas sing julig? Yo dicoba
wae,” wangsulane.
Abu Nawas gelem melu sayembara.
Atine maling dheg-dhegan, Abu Nawas
rekadaya nyekel maling.
Esuke kabeh pendhudhu kampung dikon
ngumpul ing ngarep gedhong pengadilan. Abu Nawas mesthi wae uga teka. Dheweke nggawa kayu kang
akeh. Kayu-kayu dhawane padha. Tanpa guneman akeh Abu Nawas banjur ngedum kayu
siji mbaka siji marang sing padha teka.
Abu
Nawas pidhato:
“Dulur-dulur,
kayu sing mbok gawa iku tak iseni japa mantra. Sesuk esuk kowe kabeh kudu
mbalekake kayu iku marang aku. Aja kuwatir, mung kayu sing dicekel maling wae modot sakdriji panuding dawane. Wis saiki
ndang muliha.”
Ong
sing oranyolong mesthi wae ora kuwatir apa-apa. Nanging suwalike, sing nyolong
kaweden setengah mati. Nalika bengi wayahe turu, dheweke ora bisa ngeremake
matane. Bathuke panas mikir carane supaya ora kecekel. Suwe anggone mikir,
dheweke mesem seneng amarga nemu akal. Yakuwi ngethok kayu sadriji panuding
dawane. Kanthi mangkono yen kayu kuwi mengko bengi modot, ateges padha dawane
karo ukuran sakawit.
Esuk
kuwi wong sakampung wis padha kumpul ing sangarepe gedhong pengadilan. Si
maling uga is teka, kepara dheweke ayem-ayem wae ngadepi Abu Nawas. Kepriye ora
ayem, sanajan dheweke malenge amarga kayu ora bakal tambah dawa sadriji
panuding, merga sadurunge wis dikethok. Si maling mesem-mesem. Dheweke
ngalembana kapinterane dhewe bisa ngalahake trekahe Abu Nawas.
Barisan
wong ngantri kaya ula. Abu Nawas enggal nyeluk hakim supaya ngrangket awong
kasebut. Abu Nawas ngerti yen maling iku ngethok kayu kang diwenehake. Mesthi
wae kayo ora modot.
Satus
benggol dhuwit emas wusanane pindhah menyang tangan Abu Nawas. Abu Nawas tetp
wicaksana, saperangan dhuwit diwenehake marang kaluwargane si maling,
saperangan maneh disedhekahake marang wong-wong miskin, apamaneh pinuju sasi
Pasa,lan turahane kanggo dheweke dhewe.
(kapethik lan kabesut
saka Panyebar Semangat)
C. Ayo
Maca
Standar Kompetensi : Mampu menbaca dan memahami teks
bacaan teknik, intensif, dan membaca huruf Jawa
Kompetensi Dasar : Membaca teknik (teks pidato,
berita, dialog, dan sebagainya)
Indikator : Membaca teks dialog dengan benar,
mempraktikan dialog dengan teman, membuat kesimpulan dialog
Maca Pacelathon
Ayo wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Pak Randhu : “Pirang-pirang dina iki pendhut dadi omongan. Pendhut ora mung
ing pegunungan, nanging wis tekan kutha lan dalan-dalan gedhe. Kepriye
tanggapane Bapak ngedhepi bab iku?”
Pak Wandi : “Pendhut iku kedadeyan nalika banyu ing laut lan dharatan
malih dadi uwap. Uwap iku bisa cepet munggah angkasa.”
Pak Randhu : “Kok bisa kaya mangkono?”
Pak Wandi : “Amarga abote uwap luwih entheng
tinimbang abote hawa.”
Pak
Randhu :
“Sawise iku kepriye?”
Pak Wandi : “Uwap ngumpul banjur dadi bun kang
ngambang. Yen hawane adhem banget, ing cedhak lemah agawe pendhut.”
Pak
Randhu : “Kapan biyasane pendhut iku
muncul?”
Pak Wandi : “Biyasane pendhut muncul ing wayah esuk
utawa sore, nalika srengenge ora aweh panas akeh.”
Pak
Randhu : “Kepriye carane awake dhewe
ngadhepi pendhut nalika ing dalan?”
Pak Wandi : “Yen lagi mlaku ing cuwaca kang kebak
pendhut, prayogane nggawa lampu senter kang sorote bisa nembus pendhut. Yen
lunga nggunakake kendharaan, aja lali nguripake lampu sorot.”
Pak Randu : “Matur nuwun, Pak Wandi.”
D. Ayo
Nulis
Standar Kompetensi : Mampu menulis karangan dalam berbagai
ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh dan menulis huruf Jawa
Kompetensi Dasar : Menulis surat pribadi
Indikator : Mampu menulis bagian-bagian surat
pribadi, mampu mebuat surat pribadi, mampu menggunakan bahasa krama inggil
dalam membuat suara
Telekomunikasi iku bisa lumantar
layang, telpon, radhiyo, lan internet. Layang minangka piranti dhasar kanggo
komunikasi papan adoh. Layang ana sing sipate pribadi, dhines, lan wadi.
Layang kuwi gantine omongane
sing nulis layang. Layang bisa nyritakake kahanane sing nulis lagi sedhih apa
seneng. Kuwi bisa dingerteni dening wong sing nampa layang sanajan ora weruh
langsung.
Pasinaon iki nggladhi nulis
layang sing sipate pribadi. Becike yen nulis layang ngugemi pranatan sing wis gumathok.
Layang sing becik iku basane runtut, ngajeni, lan tata tulise bener.
Perangane layang sing ganep kasebut ing
ngisor iki.
a.
Titimangsa
Titimangsa ngandharake papan lan wektune nulis. Kanthi
mangkono bisa dimangerteni dhodhok selehe sing nulis.
Tuladha
Surabaya,
13 Oktober 2012
b.
Satata Basa
Satata basa ngandharake wong sing dikirimi layang
kasebut.
Tuladha
Serat mugi
katur
Eyang
Kakung lan Eyang Putri
Ing dalem
Satata basa ditulis ing sajroning layang dudu ing
amplop. Sing ditulis ing amplop asma lan alamate sing genap genah, tur cetha.
c.
Adawiyah utawa Adangiyah
Adawiyah utawa adangiyah yaiku tembung utawa ukara
pakurmatan manut tata krama sing gumathok. Adawiyah gumantung sapa sing ngirim
lan sapa sing dikirimi layang, ana bedane.
Tuladha
1)
Sing dikirim wong tuwa marang anak utawa luwih
enom, tembunge mangkene:
·
Kang pandonga
·
Pamuji rahayu
2)
Sing ngirim lan sing dikirimi sapantaran,
tembung mangkene :
·
Atur taklim
·
Salam taklim
·
Taklim kula kekalih
3)
Sing ngirim luwih enom tinimbang sing dikirimi, tembunge
mangkene :
·
Atur pangabekti
·
Sembah sungkem
·
Sungkem kula
d.
Purwaka Basa
Purwaka basa yaiku pambuka kang ngandharake kabar
keslametan, atur pandonga, syukur marang Gusti.
Tuladha
Kepareng matur Eyang Kakung lan
Eyang Putri, lumantar serat punika kula ngaturi priksa bilih kawontenan kula
wilujeng, bagas waras, boten wonten alangan setunggal punapa. Mugi-mugi Eyang
ing ngriki ugi tansah pinaringan kanugrahan dening Gusti.
e.
Surasa Basa
Surasa basa yaiku ngandharake isine layang utawa perlune
kirim layang.
Tuladha
Kejawi
saking punika, Eyang, sapunika kula sampun kelas gangsal, sekedhap malih kelas
enem. Pak gurunipun sabar, tlaten nuturi dhateng lare-lare. Punapa malih boten
dungu mangke dipunwontenaken ulangan akhir semester. Kangge ngadhepi punika kula
nyuwun pangestu mugi-mugi kula saged nacep sedaya ngelmu ingkang kaparingaken
dening bapak ibu guru. Sasampunipun ulangan lajeng liburan. Dinten liburan
mangke manawi Bapak lan Ibu marengaken kula nyuwun dipunteraken datheng
dalemipun Eyang. Pareng ta, Yang? Mangke kula nyuwun pelemipun ingkang
legi-legi, lho. Kula sampun kangen Eyang.
f.
Wasana Basa
Wasana basa yaiku ngandharake panutupe layang kanthi
nyuwun pangapura lan janji tansah sesambungan sateruse.
Tuladha
Cekap
semanten Eyang atur kula. Kupat bumbune santen, manawi wonten ingkang lepat
nyuwun pangapunten. Kula ngentosi kabaripun eyang.
g.
Peprenahan
Peprenahan yaiku prenah sesambungan kulawarga sing
ngirim lan sing dikirimi.
Tuladha
·
Ingkang wayah, kanggo putu marang eyang
·
Ingkang putra, kanggo anak marang wong tuwa
·
Kancamu, kanggo kancane dhewe
·
Eyangmu, kanggo eyang marang putu
h.
Tandha
Tangan
Tandha tangan pribadine sing gawe layang
i.
Asma Terang
Asma terang ngandharake sapa jenenge sing nulis layang
Isine layang :
Semarang,
01 Agustus 2012
Serat mugi katur
Eyang Kakung lan Eyang Putri
Ing dalem
Atur pangabekti,
Kepareng matur Eyang
Kakung lan Eyang Putri, lumantar serat punika kula ngaturi priksa bilih
kawontenan kula wilujeng, bagas waras, boten wonten alangan setunggal punapa.
Mugi-mugi Eyang ing ngriki ugi tansah pinaringan kanugrahan dening Gusti.
Kejawi saking punika,
Eyang, sapunika kula sampun kelas gangsal, sekedhap malih kelas enem. Pak
gurunipun sabar, tlaten nuturi dhateng lare-lare. Punapa malih boten dungu
mangke dipunwontenaken ulangan akhir semester. Kangge ngadhepi punika kula
nyuwun pangestu mugi-mugi kula saged nacep sedaya ngelmu ingkang kaparingaken
dening bapak ibu guru. Sasampunipun ulangan lajeng liburan. Dinten liburan
mangke manawi Bapak lan Ibu marengaken kula nyuwun dipunteraken datheng
dalemipun Eyang. Pareng ta, Yang? Mangke kula nyuwun pelemipun ingkang
legi-legi, lho. Kula sampun kangen Eyang.
Cekap semanten Eyang
atur kula. Kupat bumbune santen, manawi wonten ingkang lepat nyuwun
pangapunten. Kula ngentosi kabaripun eyang.
Ingkang
wayah,
Tias
E. Kawruh
Basa
Ngetrepake
saroja yaiku tembung rangkep, maksude tembung loro kang padha tegese utawa meh
padha tegese dienggo bebarengan.
Tuladha
·
Dulur-dulur, kayu-kayu sing mbok gawa iku
takiseni japa mantra
·
Wong-wong sing rumangsa ora tau tumindak colong jupuk
Piwulang
3
Lingkungan
A. Ayo
Ngrungokake
Standar Kompetensi : Mampu mendengarkan dan memahami
wacana lisan melalui pembacaan teks cerita rakyat dan tembang macapat
Kompetensi Dasar
: Mendengarkan tembang Mijil
Indikator : Menimak tembang Mijil, menjelaskan
kata-kata sukar, menjelaskan isi ajaran yang terkandung dalam tembang Mijil
1.
Nembang Mijil
Tembang mijil klebu jinise tembang Macapat.
Sekar Mijil
Laras pelog patet nem
Ing mataram
betengipun inggil,
Ngubengi
kedhaton,
Plengkung lima
maju pat mengane
Jagang jero
toyanipun wening
Tur pinancak
suji
Gayam turut lurung
B. Ayo
Micara
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pendapat dan
perasaan secara lisan, mendiskripsikan benda dan menanggapi persoalan faktual
sesuai dengan unggah-ungguh
Kompetensi Dasar : Menanggapi persoalan faktual
menggunakan ragam bahasa yang santun
Indikator : Mengungkapkan persoalan faktual
menggunakan ragam krama inggil, mengungkapkan pernyataan setuju dan tidak
setuju, memberikan komentar positif atau negatif tentang persoalan faktual
Menehi tanggapan
Menehi tanggapan iku bisa
sarujuk uga bisa ora sarujuk. Manawa nanggapi nggunakake basa krama luwih
prayoga tinimbang basa ngoko.
Tuladha
Lingkungan Resik
Setuju. Lingkungan
ingkang resik punika ngremenake sedaya tiyang. Ingkang wigatos njagi supados
resik, sedaya warga tumut tumandang. Boten namung ngandelaken petugas kemawon.
Uwuh dipunpilihaken ingkang organik lan non organik. Sokur bage saben RT wonten
ingkang saged ngginakaken uwuh dados barang ingkang aji. Wuh dipundah. Asilipun
saged kangge tambahan nyekapi kabetahan ing griya.
Lingkungan Reged
Bonten sarujuk.
Lingkungan ingkang reged damel boten krasan. Punapa malih wonten gandanipun
bathang tikus, waah nyiksa sanget. Ambegan seseg, nahan ambegan boten betah.
Lingkungan reged dados susuh lemut lan laler. Kamangka kewan punika dados
lantaran ing sesakit dhateng tiyang. Pakulinan resikan kedah dipunwiwiti saking
dhiri pribadinipun piyambak. Umpaminipun mbucal wuh ing pawuhan, boten ing
saenggen-enggen.
C. Ayo
Maca
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami teks cerita
anak, membaca indah, dan membaca huruf Jawa
Kompetensi Dasar : Membaca indah (geguritan)
Indikator : Membaca geguritan, menjelaskan isi
geguritan, menjelaskan isi ajaran yang terkandung dalam geguritan
Maca Geguritan
Kancaku
Keprungu suwaramu
Kang lagi nyanyi
Dakrungokake saka radhiyo
Nalika acara tembang kenangan
Aku kangen marang sliramu
Kangen marang gegojeganmu
Apa sliramu uga kangen aku
Kancaku………..
Saiki wis telung taun
Aku lan sliramu pisah
Pisah omah, sekolah, kutha, lan pulo
Ananging ora pisah paseduluran iki
Paseduluran kang rumaket
Dhuh Gusti,
Menawi kepareng
Panjenengan panggihaken
Kula lan kanca kula
D. Ayo
Nulis
Standar kompetensi : Mampu menulis laporan sederhana dalam
ragam bahasa Jawa tertentu dan menulis huruf Jawa
Kompetensi Dasar
: Menulis kalimat sederhana berhuruf Jawa menggunakan pasangan
Indikator : Menulis minimal 10 huruf pasangan
yang diketahui, menulis kata menggunakan huruf pasangan, menulis kalimat
sederhana menggunakan huruf pasangan
E. Kawruh
Basa
Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen isine
ngemu teges kang kudu dibedhek. Tembung kang kanggo mbedhek diarani batangan
utawa bedhekan.
Tuladha
Pitik walik saba
kebon = ………………
Pitik walik saba
kebon = nanas.
1.
Barange bosok malah enak = …. a.
tempe
2.
Ana awake, ana lengene, nanging tanpa sirah = …. b. wong mikul
areng
3.
Dikethok dadi dawa, yen disambung dadi cedhak =
…. c. bung lan
wit pring
4.
Sing cendhek dikeruki, sing dhuwur diurugi = …. d.
gendheng bocor
5.
Tibane ana ngisor, sing dhuwur diurugi = …. e.
salak
6.
Pitik walik saba meja = …. f.
tape
7.
Kebo ijo dicancang merang = …. g.
sarung
8.
Anake tapihan, biyunge wuda = …. h.
klambi
9.
Ngarep ireng, mburi ireng, sisih tengah
methentheng = …. i.
timbangan
10.
Sega sakepel dirubung tinggi = …. j.
sulak
makasih...:)
BalasHapus